Sabtu, 13 Juni 2015

18 KETURUNAN

18 KETURUNAN

Wonten ing kulawarga Jawi, adakanipun putra nyebat tiyang sepuh kanti sebatan Bapak/Bapa lan Ibu/biyung, ewandene tiyang sepuhipun bapak kasebut simbah utawi eyang.
Lajeng dipun sebat punapa tiyang sepuhipun Simbah ??
Wonten ing Bahasa Jawi punika sebatan 18 urutan keturunan (mangandap) lan 18 urutan lelulur (manginggil) :
TURUNAN : 
Keturunan ke-1. Anak
Keturunan ke-2. Putu/cucu
Keturunan ke-3. Buyut/cicit
Keturunan ke-4. Canggah
Keturunan ke-5. Wareng
Keturunan ke-6. Udhek-Udhek
Keturunan ke-7. Gantung Siwur
Keturunan ke-8. Gropak Senthe
Keturunan ke-9. Debog Bosok
Keturunan ke-10. Galih Asem
Keturunan ke-11. Gropak waton
Keturunan ke-12. Cendheng
Keturunan ke-13. Giyeng
Keturunan ke-14. Cumpleng
Keturunan ke-15. Ampleng
Keturunan ke-16. Menyaman
Keturunan ke-17. Menya-menya
Keturunan ke-18. Trah Tumerah
LELUHUR :
Moyang ke-18. Mbah Trah Tumerah
Moyang ke-17. Mbah Menya-menya
Moyang ke-16. Mbah Menyaman
Moyang ke-15. Mbah Ampleng
Moyang ke-14. Mbah Cumpleng
Moyang ke-13. Mbah Giyeng
Moyang ke-12. Mbah Cendheng
Moyang ke-11. Mbah Gropak Waton
Moyang ke-10. Mbah Galih Asem
Moyang ke-9. Mbah Debog Bosok
Moyang ke-8. Mbah Gropak Senthe
Moyang ke-7. Mbah Gantung Siwur
Moyang ke-6. Mbah Udheg-udheg
Moyang ke-5. Mbah Wareng
Moyang ke-4. Mbah Canggah
Moyang ke-3. Mbah Buyut
Moyang ke-2. Simbah/Eyang
Moyang ke-1. Bapak/Simbok
Menawi kirang mangga dipun tambahi piyambak !!!



Rabu, 13 Februari 2013

PASRAH LAMARAN PENGANTEN KAKUNG



Salam Pambuka ………..

Para pepundhen, para sepuh tuwin pinisepuh ingkang kinabekten. Para kakung miwah putri ingkang kinurmatan, langkung – langkung para pangemban pangembating praja ingkang wicaksana ing budi.
Esthining manah, bapak/ibu ……………… (tiyang sepuh penganten kakung) adreng badhe matur piyambak wonten ngarsaning kaki miwah nini besan, ananging kabekto saking bombonging manah, mboten kuwawi matur pribadi, pramila tumunten miji dateng kula kinen hamakili saha talanganing atur. Pramila sinartan puji syukur dhateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Mirah, kepareng kula nggempil kamardikan miwah nigas wacana sawatawis, saprelu murkawani karya.
Pramila sinartan puji syukur wonten ngarsaning gusti ingkang maha kuwaos, kepareng kula nggempil kamardikan, nigas wacana sawatawis saprelu murwani karya.
 Minangka purwakaning atur, kula sak kulawarga saking ………. ngaturaken agenging panuwun, awit linambaran berkah pangestu panjenengan sadaya saha awit saking rahmatipun gusti, kasembadan saget sowan sarta anganthi calon pinanganten kakung marak sowan wonten ngersanipun bpk/ibu …………… kanthi wilujeng, kalis rubedaning lampah, ugi mboten kesupen kula ngaturaken agenging panuwun, dene sowan kula sabrayat katampi kanthi renaning penggalih saha kebak raos rumaketing pasedherekan.
Ing salajengipun bapak/ibu …………….. ngaturaken salam taklim mugi katur dhumateng kaki miwah nini besan, punapa dene sungkemipun calon pinanganten kakung kunjuk rama ibu dalah para pepunden wajib ing ngriki.
Para rawuh ……………
Ndungkap gatining sedya, sowan kula sakulowarga anenggih nuhoni rantaman ingkang sampun gumathok ing dinten kepengker, anggenipun sami bebesanan, ngempalaken balung pisah, mestuti ila-ila ujaring para kina dhuk ing nguni. Pramila sowan kula sakulowarga anganthi calon penganten kakung, ingkang sakawit sampun ngrerepa, ngreripih wonten ngersanipun rama ibunipun, kinen methikaken sekar ingkang arum gandanipun serta endah warninipun, ingkang cumondhok wonten ing dalemipun bpk/ibu ……………………
Kajawi kula anganthi calon penganten kakung, ugi kadhawuhan ngaturaken sarat sarana minangka pangiket utawi paningset rembag awujud pisang raja satangkep, sekar kanthil sapelik, sigi sapethet, sedhah saganten, ageman calon penganten putri arupi nyamping, rasukan, sangsangan, kalpika rukmi, arta sapala, prabot ngadi sarira, pamesing kagem eyang calon penganten putri, dalah abon-abon uba rampening lamaran.
Ingkang sedaya uba rambe kalawau ngemu suraos mekaten :
1.      Pisang raja satangkep : mengku suraos kadi dene sang raja putra ingkang sampun kepareng badhe anjatrukama sang raja putri. Kanthi mekaten mraciknani bilih putra calon penganten sampun badhe ngancik wonten ing jagading kadewasan inggih alam madya.
2.      Sekar sapelik : Esthining sedya murih saget dados sajodho, mila lajeng kapundhutaken sekar sasele ingkang piningit, nuwun inggih kusumaning ayu …………………
3.    Sedah sapenganten : mengku pralambang badhe anjumbuhaken raos kalih manunggal dados setunggal. Kulawarga kalih dados sabrayat. Manunggal ing cipta, rasa lan karsa, bebasan dinulu seje rupane, nanging lamun ginigit padha rasane.
4.   Agengan sapengadeg : Nedahaken agenging raos tanggel jawab ugi raos tresna saking calon penganten kakung dhateng calon garwanipun.
5.     Kalpika rukmi kalih : Mujudaken satunggalaling gegambaran bilih katresnanipun calon penganten kakung putri tanpa winates saha mboten badhe luntur kadi dene wernining emas. Malah ugi wonten ingkang amastani bilih ingkang sampun ngagem kalpika punika pratandha sampun wonten ingkang mengku.
6.    Arta sapala : Mujudaken tumanduking raos tanggel jawab menggahing calon penganten kakung minangka jejering pangarsaning kulawarga ingkang kedah ngayani dateng garwanipun.
7.        Pepesing : Minangka tanda yekti bektinipun wayah dhateng eyangipun.
8.    Sigi sapedet : Anenggih mujudaken tangsuling brayat kalih dados setunggal, saha minangka pambengkas saliring prekawis, bebasan rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
9.        Abon-abon : punika sayektos mujudaken talining kekadangan saha jangkeping uba rampe lamaran.

Para rawuh, salajengipun kula nyuwun berkah pangestu saha paseksen bilih calon penganten kakung nun inggih pun bagus  ………………… miwah uba rampening lamaran kula aturaken wonten ngarsanipun bapak.ibu mugi saget katampi, sedaya kekirangan ingkang sinandhang miwah samudayanipun, kula nyuwun sih panganpunten. Purba wasesa calon penganten kakung kula sumanggakaken.
Ing wasana cekap atur kula, ……………. (salam panutup).




TULADHA NAMPI PASRAH PENGANTEN KAKUNG



Salam pambuka ………..

Para pepundhen, para sepuh pinisepuh ingkang kinabekten, para prayagung pangemban pangembating praja ingkang wicaksana ing budi, sumrambah dhumateng sagunging para tamu kakung putri ingkang winengku ing suka basuki.

Kasugengan, katentreman miwah kasarasan mugi tansah kasarira sangyaning para rawuh ingkang minulya.

Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan.
Kula ingkang kajibah hamakili bapak ……………… (tiyang sepuh penganten putri), saderengipun kula ngayahi jejibahan, langkung rumiyin sumangga sesarengan ngunjukaken puji syukur dhateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kuwaos, sinartan panyuwun mugi kula lan panjenengan sadaya tansah pinaringan pangayoman, saha mugi pahargyan punika, purwa madya ngantos wusananipun saged kasembadan kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kepareng kula matur tumanduk panjenenganipun bapak ……………. (ingkang pasrah) kula minangka sulih saking bapak ………………… (tiyang sepuh penganten putri) nderek bingah sarta muji syukur, dene panjenengan sampun kasembadan nyowanaken putra penganten kakung kanthi wilujeng tanpa pambeng satunggal punapa. Mboten kasupen kula ngaturaken wilujeng rawuh dhumateng panjenengan dalah para pangombyong pangaraking penganten kakung.

Paringipun salam taklim saking besan saha sungkemipun putra penganten kakung kula tampi kanthi tangan kekalih, saha mangke tumunten badhe kula aturaken dhateng bapak …………………… (tiyang sepuh penganten putri).

Sadaya pasrah panjenengan ing ngajeng kula tampi kanthi binganing manah, malah miturut rancangan ingkang sampun karacik, tumunten putra penganten badhe enggal – enggal kapanggihaken miturut tata cara adat ingkang lumampah wonten ing tlatah ngriki. Sinambi nyrantos paripurnaning pahargyan dhauping penganten, dhumateng para pangombyong pangaraking penganten kakung, kasuwun lelenggahan wonten ing sasana ingkang piniji ngiras pantes paring berkah pangestu dhateng putra penganten sekaliyan.

Minangka panutuping atur, kula sakulawarga nguwun pangapunten dhateng sadaya kekirangan anggen kula manembrama rawuh panjenengan sekaliyan.

Salam panutup.

Katrangan :
Nampi pasrahing penganten mekaten manut ingkang pasrah, saha kedah emut bilih panganten sampun ijab punapa dereng, mawi liru kalpika punapa mboten. Ingkang langkung wigatos, bilih panampining pasrah sampun ngantos kepanjangen.



TULADHA PASRAH PENGANTEN KAKUNG BADHE PANGGIH



Salam Pambuka ………..

Para pepundhen, para sepuh saha pinisepuh ingkang kinabekten. Para kakung miwah putri ingkang kinurmatan, langkung – langkung para pangemban pangembating praja ingkang wicaksana ing budi.

Esthining manah, bapak/ibu ……………… (tiyang sepuh penganten kakung) adreng badhe matur piyambak wonten ngarsaning kaki miwah nini besan, ananging kabekto saking bombonging manah, mboten kuwawi matur pribadi, pramila tumunten miji dateng kula kinen hamakili saha talanganing atur. Pramila sinartan puji syukur dhateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Mirah, kepareng kula nggempil kamardikan miwah nigas wacana sawatawis, saprelu murkawani karya.

Minangka purwakaning atur, kula ngaturaken agenging panuwun, awit linambaran berkah pangestu panjenengan, kula sabrayat saking …………..(papanipun temanten kakung) saged sowan ing sasana pahargyan ngriki kanthi wilujeng tanpa pambeng satunggal punapa.

Salajengipun kepareng matur dhumateng panjenenganipun bapak …………… (ingkang nampi pasrah) minangka sulih salira saking bapak/ibu ………………. (tiyang sepuh temanten putri).

Bapak/ibu …………….. (tiyang sepuh penganten kakung) ngaturaken salam taklim katur dhumateng kaki miwah nini besan, punapa dene sungkemipun putra temanten kakung katur dumateng rama/ibu ……………. (tiyang sepuh penganten putri), miwah para pepundhen wajib punapa dene kadang ingkang pinanggih sepuh sarta sababag sapantaran yuswa.

Menggah wigatosing sowan kula, prelu nuhoni rantaman ingkang gumathok, ingkang katetepaken sesarengan ing ngajeng, anggenipun sami badhe bebesanan sarta anggandhek sri atmojo penganten kakung pun bagus …………………. , salajengipun kula aturaken dhateng ngarsa panjenengan, sinartan panyuwun, mbok bilih sampun ndungkap wahyaning mangsa kala sarta sampun siyaga samudayanipun, mugi saged kapanggih miturut tatacara adat ingkang kalimrah ing ngriki.

Namung mugi ndadosaken kawuningan, bilih anggen kula nyowanaken sri atmaja penganten kakung tanpa kinanthen punapa – punapa, bebasan namung jiwa sawantah.

Kados mekaten menggah gatining sedya kula sabrayat sowan, sadaya kekirangan dalah bab – bab ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Purba wasesaning penganten kakung kula sumanggakaken, dene kula sakadang badhe hangestreni ngiras pantes mangayubagya dhauping  penganten ngantos paripurna.

Kula ingkang minangka sulih salira, ndadha kalepatan miwah kekirangan, ingkang punika kula nyuwun sih pangapunten.

Salam penutup.
( Katrangan : Bilih penganten dereng ijab, pasrahipun calon penganten ).