Salam pambuka ………..
Para pepundhen, para sepuh pinisepuh
ingkang kinabekten, para prayagung pangemban pangembating praja ingkang
wicaksana ing budi, sumrambah dhumateng sagunging para tamu kakung putri
ingkang winengku ing suka basuki.
Kasugengan, katentreman miwah kasarasan
mugi tansah kasarira sangyaning para rawuh ingkang minulya.
Para rawuh kakung putri ingkang
kinurmatan.
Kula ingkang kajibah hamakili bapak ……………… (tiyang sepuh penganten putri),
saderengipun kula ngayahi jejibahan, langkung rumiyin sumangga sesarengan
ngunjukaken puji syukur dhateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kuwaos,
sinartan panyuwun mugi kula lan panjenengan sadaya tansah pinaringan
pangayoman, saha mugi pahargyan punika, purwa madya ngantos wusananipun saged
kasembadan kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kepareng kula matur tumanduk
panjenenganipun bapak ……………. (ingkang pasrah) kula minangka sulih saking bapak
………………… (tiyang sepuh penganten putri) nderek bingah sarta muji syukur, dene
panjenengan sampun kasembadan nyowanaken putra penganten kakung kanthi wilujeng
tanpa pambeng satunggal punapa. Mboten kasupen kula ngaturaken wilujeng rawuh
dhumateng panjenengan dalah para pangombyong pangaraking penganten kakung.
Paringipun salam taklim saking besan
saha sungkemipun putra penganten kakung kula tampi kanthi tangan kekalih, saha
mangke tumunten badhe kula aturaken dhateng bapak …………………… (tiyang sepuh
penganten putri).
Sadaya pasrah panjenengan ing ngajeng
kula tampi kanthi binganing manah, malah miturut rancangan ingkang sampun
karacik, tumunten putra penganten badhe enggal – enggal kapanggihaken miturut
tata cara adat ingkang lumampah wonten ing tlatah ngriki. Sinambi nyrantos
paripurnaning pahargyan dhauping penganten, dhumateng para pangombyong
pangaraking penganten kakung, kasuwun lelenggahan wonten ing sasana ingkang
piniji ngiras pantes paring berkah pangestu dhateng putra penganten sekaliyan.
Minangka panutuping atur, kula
sakulawarga nguwun pangapunten dhateng sadaya kekirangan anggen kula manembrama
rawuh panjenengan sekaliyan.
Salam panutup.
Katrangan :
Nampi pasrahing penganten mekaten manut ingkang pasrah, saha kedah emut
bilih panganten sampun ijab punapa dereng, mawi liru kalpika punapa mboten.
Ingkang langkung wigatos, bilih panampining pasrah sampun ngantos kepanjangen.
namung tuladha lur...
BalasHapus