Salam
Pambuka ………..
Para
pepundhen, para sepuh tuwin pinisepuh ingkang kinabekten. Para kakung miwah
putri ingkang kinurmatan, langkung – langkung para pangemban pangembating praja
ingkang wicaksana ing budi.
Esthining
manah, bapak/ibu ……………… (tiyang sepuh penganten kakung) adreng badhe matur
piyambak wonten ngarsaning kaki miwah nini besan, ananging kabekto saking
bombonging manah, mboten kuwawi matur pribadi, pramila tumunten miji dateng
kula kinen hamakili saha talanganing atur. Pramila sinartan puji syukur dhateng
ngarsaning Gusti Ingkang Maha Mirah, kepareng kula nggempil kamardikan miwah
nigas wacana sawatawis, saprelu murkawani karya.
Pramila sinartan puji
syukur wonten ngarsaning gusti ingkang maha kuwaos, kepareng kula nggempil
kamardikan, nigas wacana sawatawis saprelu murwani karya.
Minangka purwakaning atur, kula sak kulawarga saking
………. ngaturaken agenging panuwun, awit linambaran berkah pangestu panjenengan sadaya saha awit
saking rahmatipun gusti, kasembadan saget sowan sarta anganthi calon
pinanganten kakung marak sowan wonten ngersanipun bpk/ibu …………… kanthi
wilujeng, kalis rubedaning lampah, ugi mboten kesupen kula ngaturaken agenging
panuwun, dene sowan kula sabrayat katampi kanthi renaning penggalih saha kebak
raos rumaketing pasedherekan.
Ing salajengipun
bapak/ibu …………….. ngaturaken salam taklim mugi katur dhumateng kaki miwah nini
besan, punapa dene sungkemipun calon pinanganten kakung kunjuk rama ibu dalah
para pepunden wajib ing ngriki.
Para rawuh ……………
Ndungkap gatining
sedya, sowan kula sakulowarga anenggih nuhoni rantaman ingkang sampun gumathok
ing dinten kepengker, anggenipun sami bebesanan, ngempalaken balung pisah,
mestuti ila-ila ujaring para kina dhuk ing nguni. Pramila sowan kula sakulowarga
anganthi calon penganten kakung, ingkang sakawit sampun ngrerepa, ngreripih
wonten ngersanipun rama ibunipun, kinen methikaken sekar ingkang arum
gandanipun serta endah warninipun, ingkang cumondhok wonten ing dalemipun
bpk/ibu ……………………
Kajawi kula anganthi
calon penganten kakung, ugi kadhawuhan ngaturaken sarat sarana minangka
pangiket utawi paningset rembag awujud pisang raja satangkep, sekar kanthil
sapelik, sigi sapethet, sedhah saganten, ageman calon penganten putri arupi
nyamping, rasukan, sangsangan, kalpika rukmi, arta sapala, prabot ngadi sarira,
pamesing kagem eyang calon penganten putri, dalah abon-abon uba rampening
lamaran.
Ingkang sedaya uba rambe kalawau ngemu suraos mekaten :
1. Pisang raja satangkep : mengku suraos kadi dene sang raja putra ingkang sampun
kepareng badhe anjatrukama sang raja putri. Kanthi mekaten mraciknani bilih
putra calon penganten sampun badhe ngancik wonten ing jagading kadewasan inggih
alam madya.
2. Sekar sapelik : Esthining sedya murih saget dados sajodho, mila lajeng
kapundhutaken sekar sasele ingkang piningit, nuwun inggih kusumaning ayu
…………………
3. Sedah sapenganten : mengku pralambang badhe anjumbuhaken raos kalih manunggal
dados setunggal. Kulawarga kalih dados sabrayat. Manunggal ing cipta, rasa lan
karsa, bebasan dinulu seje rupane, nanging lamun ginigit padha rasane.
4. Agengan sapengadeg : Nedahaken agenging raos tanggel jawab ugi raos tresna
saking calon penganten kakung dhateng calon garwanipun.
5. Kalpika rukmi kalih : Mujudaken satunggalaling gegambaran bilih katresnanipun
calon penganten kakung putri tanpa winates saha mboten badhe luntur kadi dene
wernining emas. Malah ugi wonten ingkang amastani bilih ingkang sampun ngagem
kalpika punika pratandha sampun wonten ingkang mengku.
6. Arta sapala : Mujudaken tumanduking raos tanggel jawab menggahing calon
penganten kakung minangka jejering pangarsaning kulawarga ingkang kedah ngayani
dateng garwanipun.
7.
Pepesing : Minangka tanda yekti bektinipun wayah dhateng eyangipun.
8. Sigi sapedet : Anenggih mujudaken tangsuling brayat kalih dados
setunggal, saha minangka pambengkas saliring prekawis, bebasan rawe-rawe
rantas, malang-malang putung.
9.
Abon-abon : punika sayektos mujudaken talining kekadangan saha
jangkeping uba rampe lamaran.
Para rawuh,
salajengipun kula nyuwun berkah pangestu saha paseksen bilih calon penganten
kakung nun inggih pun bagus …………………
miwah uba rampening lamaran kula aturaken wonten ngarsanipun bapak.ibu mugi
saget katampi, sedaya kekirangan ingkang sinandhang miwah samudayanipun, kula
nyuwun sih panganpunten. Purba wasesa calon penganten kakung kula
sumanggakaken.
Ing wasana cekap atur
kula, ……………. (salam panutup).
tuladha,....
BalasHapus