Rabu, 13 Februari 2013

TULADHA PASRAH PENGANTEN KAKUNG BADHE PANGGIH



Salam Pambuka ………..

Para pepundhen, para sepuh saha pinisepuh ingkang kinabekten. Para kakung miwah putri ingkang kinurmatan, langkung – langkung para pangemban pangembating praja ingkang wicaksana ing budi.

Esthining manah, bapak/ibu ……………… (tiyang sepuh penganten kakung) adreng badhe matur piyambak wonten ngarsaning kaki miwah nini besan, ananging kabekto saking bombonging manah, mboten kuwawi matur pribadi, pramila tumunten miji dateng kula kinen hamakili saha talanganing atur. Pramila sinartan puji syukur dhateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Mirah, kepareng kula nggempil kamardikan miwah nigas wacana sawatawis, saprelu murkawani karya.

Minangka purwakaning atur, kula ngaturaken agenging panuwun, awit linambaran berkah pangestu panjenengan, kula sabrayat saking …………..(papanipun temanten kakung) saged sowan ing sasana pahargyan ngriki kanthi wilujeng tanpa pambeng satunggal punapa.

Salajengipun kepareng matur dhumateng panjenenganipun bapak …………… (ingkang nampi pasrah) minangka sulih salira saking bapak/ibu ………………. (tiyang sepuh temanten putri).

Bapak/ibu …………….. (tiyang sepuh penganten kakung) ngaturaken salam taklim katur dhumateng kaki miwah nini besan, punapa dene sungkemipun putra temanten kakung katur dumateng rama/ibu ……………. (tiyang sepuh penganten putri), miwah para pepundhen wajib punapa dene kadang ingkang pinanggih sepuh sarta sababag sapantaran yuswa.

Menggah wigatosing sowan kula, prelu nuhoni rantaman ingkang gumathok, ingkang katetepaken sesarengan ing ngajeng, anggenipun sami badhe bebesanan sarta anggandhek sri atmojo penganten kakung pun bagus …………………. , salajengipun kula aturaken dhateng ngarsa panjenengan, sinartan panyuwun, mbok bilih sampun ndungkap wahyaning mangsa kala sarta sampun siyaga samudayanipun, mugi saged kapanggih miturut tatacara adat ingkang kalimrah ing ngriki.

Namung mugi ndadosaken kawuningan, bilih anggen kula nyowanaken sri atmaja penganten kakung tanpa kinanthen punapa – punapa, bebasan namung jiwa sawantah.

Kados mekaten menggah gatining sedya kula sabrayat sowan, sadaya kekirangan dalah bab – bab ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Purba wasesaning penganten kakung kula sumanggakaken, dene kula sakadang badhe hangestreni ngiras pantes mangayubagya dhauping  penganten ngantos paripurna.

Kula ingkang minangka sulih salira, ndadha kalepatan miwah kekirangan, ingkang punika kula nyuwun sih pangapunten.

Salam penutup.
( Katrangan : Bilih penganten dereng ijab, pasrahipun calon penganten ).





Tidak ada komentar:

Posting Komentar